Drug Free Community

Memanusiakan Manusia Indonesia


1 Komentar

Parikan versi danu beruang…

 

lontong balap cak nang wonokromo
mlaku bareng teko joyoboyo

nggawe putaw cak nggarai rekoso
lek gak mlebu penjara yo diganjar neroko

 

bedug awan ning mangan karak
sego sambel cak urapan kacang

yo wes suwe ning sex bebas iku enak
lek wes AIDS ngenteni mati dadi kembange bayang

 

tuku emping nang pasar tembok cak
mampir ndemak nyangking jemblem

eling ati-ati waspodo yo cak
ojo melok-melok kumpulan medok lan mendem

 

arek perawan cak suroboyo panggone
ayu-ayu cak yo apik budi pekertine

ojok heran cak wong salah gampang lolose
lha wong hakim jaksane cak isok di lotre

 

ndelok persebaya yo kudhu dadi sak bonek’e
lek wes buyar ayok mlaku bareng moleh

cek saknone cak ndelok tonggo-tonggoku seng kere
dadi ketok dolek ndunyo cak karo wong sing pinter utek’e

 

prapatan ambengan ning ayo numpak taksi
nang bumiharjo cak gendak’an ku tak apeli

ojok sampek ning madat keblinger ekstasi
eling keluargo cak hukumane lek gak mati yo bui

 

tuku pecel iwak urang nang pasar kembang
mangan methingkrang ambek konco seduluran

ojo pacaran sampe’ kebablasan kumpul sak kamar
rabi ae resmi masio mesum yo wes dadi sak bojoan

 

ketemu rondo cak nang pandegiling
ndolek tekek kok nang segoro

ojok sampek cak ketularan seneng giting
ayo rek cacak karo ning podo2 ngilingno

 

masio dudo cak aku g kepincut rondo
lek onok seng prawan cak aku pesen loro

seng sabar pacaran cak ojo nggawe goro
lek kumpul grayangan enak wes dadi bojo

 

nang blauran mangan martabak mbeber kloso
liwat undaan ning numpak becak sampek kampung ploso

ayok seduluran lanang wadon sak konco
masio kenek HIV lan AIDS yo sek dulur podo roso